NGGEDABRUS BARENG

Darsono, Wardi, Sugeng mbarek Jono janjian ngadakno reuni nang restoran CJDW. Karo mangan, wong papat ikut omong-omong ambek bernostalgia. Mari mangan Darsono ngadek teko kursi terus maju nang ngarep nyanyi karaokean.

”Njaluk lagu opo rek? Last Kiss tah?”

Ambek ngerungokno Darsono nyanyi, koncone nerusno omong-omong.

 

”Yo’opo anak-anakmu, Geng?” takon Wardi.

Sugeng cerito, ”Oo..apik-apik ae, anakku kan loro. Sing wedok melok bojone sing dadi Kapolres nang Aceh. Sing lanang wis dadi boss, pabrike loro, pabrik sepatu karo pabrik mie. Tapi yo ngono, aku sing dadi bapakke ae ga tau ditukokno motor blas, eehh…pas wingi pacare ulang tahun ditukokno BMW 318i gress, pintune Rek, lek ditutup muni makbleppp…”

 

”Lha lek anakmu, War?”

Wardi cerito, ”Anakku telu lanang kuabeh. Sing loro kerjo nang Amerika, sing ragil saiki wis dadi direktur developer perumahan. Tapine rodok gendeng anakku sing iki. Omahe bapake wis katene ambruk dijarno ae, tapine pas pacare ulang tahun ditukokno omah guedhe magrong-magrong.”

 

”Lha kabare anakmu, Jon?”

”Anakku papat, lanang siji, wedoke telu. Saiki wis podo mandiri. Sing paling sukses yo sing lanang. Kerjone dadi pialang saham. Cumak e yo rodok gak bener. Lha aku iki gak tau dike’i duwik, tapi wingi pas pacare ulang tahun dihadiahi deposito 100 Juta.”

 

Mari Jono cerito, Darsono yo pas mari karaokean.

”Crito opo ae, Rek?”

”Iki lho Dar, crito anak-anak e kene, yo’opo karo anak peno, Dar?” takon Jono.

Mari nyumet rokok Darsono crito

 

”Anakku cumak siji, tapi payah. Aku pingine de’e dadi ABRI, eeeh malah dadi bencong. Wis limang taun de’e bukak salon, teko mbiyen sampek saiki yo teteeep ae nyalon. Tapi, masio ngono, bencong koyok ngono de’e tetep anakku. Opo maneh dasare arek iku apik, pergaulane luas tur sayang karo bapake. Sakben oleh rejeki aku mesti dike’i. Wingi pas de’e ulang taun, onok koncone sing ngado BMW 318i gress, pintune lek ditutup muni makbleppp.., omah anyar, ambek deposito 100 Juta. Anakku ngomong, hadiah kuabeh iku gawe aku, areke dewe tetep seneng bukak salon” (*)

 

1 responses to “NGGEDABRUS BARENG

  1. Gusti, ojok sampek anakQ sesuk seneng karo bencong..
    Asli ajur pek critane..
    Sampek diseneni emesQ aq gara2 ngakak bengi2..

Tinggalkan komentar